Indahnya Senja

Indahnya Senja
Sandyakala

Selamat Datang di Yo Wiz Ben Ngene Wae

Yo Wiz Ben Ngene Wae., Merupakan sebuah rangkaian kata yang bermakna bagi perjalanan hidup. Yo Wiz Ben berarti sebuah kerelaan dan kesabaran dalam menghadapi berbagai gelombang kehidupan, Ngene Wae berarti sebuah rasa penerimaan (narima) wujud rasa syukur terhadap pemberian Tuhan.



Mugi Rahayu sagung dumadi..

Selasa, 28 Februari 2012

Syi'ir tanpa waton

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran
Kelawam muji dhawuh Pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rina wengine tanpa pitungan

Dhuh bala kanca pria wanita
Aja mung ngaji syariat blaka
Gur pinter ndongeng nulis lan maca
Tembe mburine bakal sengsara

Akeh kang apal Qur'an hadist'e
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe ndak digatekke
Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkara
Ing pepaese gebyare ndonya
iri lan meri sugihe tangga
Mula atine peteng lan nistha

Ayo sedulur ja nglalekake
Wajibe ngaji sakpranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulya matine

Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqat lan makrifate
Uga hakekat manjing rasane

Alqur'an qadim wahyu minulya
Tanpa tinulis bisa diwaca
Iku wejangan guru waskita
Den tancepake ing njero dhadha

Kumathil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat rasul dadi pedoman
Minangka srana manjinge iman

Kalawan Allah kang maha suci
Kudu rangkulan rina lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir la suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumangsa aman
Dununge rasa tandha yen iman
Sabar narima najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pangeran

Kelawan kanca dulur lan tangga
Sing padha rukun aja dursila
Iku sunahe Rasul kang mulya
Nabi Muhammad panutan kita

Ayo ngalakoni sakkabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor tata dzohire
Ananging mulya maqom drajate

lamun palastra ing wekasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadhang Allah swarga manggone
Utuh mayite lan ulesane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar