Indahnya Senja

Indahnya Senja
Sandyakala

Selamat Datang di Yo Wiz Ben Ngene Wae

Yo Wiz Ben Ngene Wae., Merupakan sebuah rangkaian kata yang bermakna bagi perjalanan hidup. Yo Wiz Ben berarti sebuah kerelaan dan kesabaran dalam menghadapi berbagai gelombang kehidupan, Ngene Wae berarti sebuah rasa penerimaan (narima) wujud rasa syukur terhadap pemberian Tuhan.



Mugi Rahayu sagung dumadi..

Jumat, 06 Mei 2011

Becik Ketampik Ala Ketampa

Manungsa ing alam ndonya
Kang rupa maneka warna
Manungsa ing alam-m ndonya
Beda-beda tur ora padha

Manungsa ing alam ndonya
Seje sirah atine beda
Manungsa ing alam ndonya
Ana sing becik akeh sing ala

Mulane sing ati-ati
Yen kumpul karo manungsa
Aja nganti kurang prayitna
Dhenga lena dadi cilaka

Prasaja tanpa neka-neka
Ati segara sabar narima
Jaman edan walike ndonya
Becik ketampik ala ketampa

Katresnan Jati

alun ing samodra tan gawe samaring ati
gedhe sindhung riwut tan biso ngalangi
manteb jroning kalbu pancen wus dadi karepku
nggoleki sliramu kang tak tresnani


peteng kahanan wengi tan bedo ati iki
grimis riwis_riwis sansoyo nambahi
mego ing angkoso nutupi cahyo kartiko
pepadhange rembulan nora ono....
sepi sing tak roso...

rina klawan wengi tansah ngupadi
paribasan jagad iki wis tak ubengi
nanging nganti saiki durung tak temoni
sliramu kang biso dadi pepadhanging jiwo

tresno kang sejati minongko talining ati
mugo_mugo Gusti ngijabahi......

Kamis, 05 Mei 2011

YWBNW



Sumilire samirana
Karasa tembus ing dhadha
Trang cahya sandyakala
Endah amadhangi jiwa

Ing rasa sajroning rasa
Rinasa sansaya nelangsa
Ngrasakke kahanan iki
Ra krasa nganti mbrebes mili

Nanging yen wus prapteng ratri
Cahya candra sumunar ndadari
Kartika sumebyar ing tawang
Kadulu elok yen sinawang
Ana pepadhang sajroning pepeteng
Kinaryo husada

Rasa panelangsa sirna ilang wus ra ana
Yo wiz ben ngene wae aku trima
Candra lumaksita ratri gumanti rahina
Cahya bagaskara madhangi bawana

~ywbnw~